Ndleming

Ndleming ngemu surasa ngomong dhéwék. Madan kaya wong ngroméd ning lirihan. Ora wani rosa merga mbok krungu wong liya.

Ndleming merga ora pas antara impén karo kasunyatané Urip. Ora wani protes maring kahanan, apa maning maring Gusti Allah. Mung wujud ngudarasa maring mbuh sapa, uga merga mbuh ana sing ngrungoka, mbuh ora. Sing penting moni, ngetokna unek-uneké ati.

Ndleming.com semana uga. Ora wani dadi corong sing rosa suarané. Ora bisa atos kaya watu. Apa maning gemagah kaya sing téyéng mancak bledhég.

Mung duwé rasa tresna, isin nalika basa Biyung sing kuduné dijaga lan diurmati, mung dadi basané bala dhupakan neng tivi. Basa tua leluhur Jawa, mung nggo wadanan.

Malah sing lewih ndrawasi, anak-putu wis molahi isin nganggo basane dhéwék.

~ Ki Ndleming

Ndleming.com mung média Banyumasan papan-panggoné wong sing ginau nulis. Ngetokna isiné ati. Wujud tulisané werna-werna. Aja nggolét sing apik tur baku. Merga kiyé mung médiané wong pinggiran. Ning, éh mbok jéré sapa sing neng pinggir bisa dadi neng tengah.

Mula mayuh njajal nulis nggo médiané Inyong-Rika kabéh. Sawijining Dina mengko, bakal dadi crita maring anak-putune dhéwék, “Ganu Inyong tau nulis Banyumasan, kaé buktiné..”

Ati bombong, nulis bombong, senajan mung Ndleming..