Corong-corong mesjid pating genthoar saut-sautan
Kalimah takbir ngumandhang neng awang-awang
Bedhug detabuh swara tambah syahdu
Wulan romadhon jlirit atur pamit
Wong puasa sewulan tutug
Bayar zakat fitrah nggo nyucikena ibadah

Kapuk megar tiba nglayang
Kupluk anyar sregep sembahyang

Romadhon awé-awé lunga
Umat Islam getun ora lila
Detinggal wulan sing akéh berkah

Tuku mrica digawa plesiran
Rampung puasa padha takbiran

Allohu Akbar Allohu Akbar

Tua enom gedhé cilik lanang wadhon padha sumebar
Adhus gasik dandan resik mangkat mesjid utawa lapang
Nganggo klambi apik semribit mambu wangi
Elur arep Sholat Id

Maring kebon gawa klasa
Klasa kuwal ning pinggiran
Wulan Romadhon padha puasa
Wulan Syawal padha lebaran

Désa kutha padha alim ulama nyiapna riaya
Siji Syawal Sholat id delakokena
Allohu Akbar Allohu Akbar
Umat Islam pating sumebar
Ngagungena asma Alloh makantar-kantar
Sholat Id neng mesjid ora nyukup kanti tekan latar
Klasa degelar jamaah kebek selapangan
Ati bungah tilas menang perang
Lebaran teka salaman mubeng-mubeng terut umah
Pacitan lawuh medang njacrah seméja

Ana baya mangan slada
Ketiban bluluk ora sepira
Bubar riaya padha Bada
Silaturahmi njaluk ngapura

Kluban sladha dekumbah sumur
Maring sawah mémé tudhung
Lagi bada médang ora étung
Bali ngumah wetengé bunthung

Sing adoh padha balik elur
Sembah sujud maring wong tuwa lan sedulur
Ziarah kubur nyekar maring leluhur
Ngraketna silaturahmi sungkeman ngalor ngidul
Ngodhé setaun dekumpul-kumpul
Bali désa bagi sedekah atiné ma’bul
Ngalap berkah sujud syukur
Mugi gusti Allah paring rejeki sing makmur

Maring pasar tuku janganan
Kurang uyah maring pedhangan
Klambiné anyar lunga salaman
Terut umah padha médangan

Arep bada dina prepegan
Bakul-bakul padha seneng dodolan
Nggolét bathi seundhungan
Barang murah dedol larang
Akéh wong butuh ora uman

Mlebu pasar sesek uyel-uyelan
Akéh copét padha golét pahalan
Toko-toko, warung-warung, buka padha balapan
Sing seneng bakul klambi lan bécéran
Dagangané laris dhuwité mlarah-mlarah
Ngétung bathi atiné bungah

Gawé pethi kayu jati
Akéh bathi munggah kaji

Gawé pethi kayuné mentah
Akéh bathi seneng sedekah

Lebaran setaun sepisan
Tekané deenténi wong sedunya
Lungané detangisi kélangan
Romadhon wulan séwu wulan
Kebecikan tumplek blek dadi amalan
Berkah ngibadah olih ampunan
Sétan sing nggodha padha debendhu
Syurga debuka kanggo kaum muslimin lan muslimat
Sing akéh dosa kon padha taubat

Iwak sayur bumbu tomat
Tomat selawé kulité tiba
Ayuh sedulur émut solat
Solat kuwé kunciné swarga

Wektu lebaran akéh wong ngapura
Maring sepadha-padha menungsa
Panggonané salah lan dosa
Sing nguja apa déné sing ora kadimaha
Sing derasa utawané ora krasa
Sing katon lan ketaton dadi nlangsa
Sing biasa nganti sing bahaya

Klayar kluyur nggoléti beras
Nguber beras decucuk dhara
Ayuh sedulur padha iklas
Bener salah padha ngapura

Dina lebaran dina bada
Pemimpin lan pejabat kudu kélingan rakyat
Kepéngin urip murwat tuku pangan sandhang ora kuwat
Akéh wong biasa dadi mlarat
Rebutan zakat sedhekah nganti ana sing sekarat

Jangan klewih bumbu kamijara
Tambah micin rasané pera
Wong sugih dunya bandhuara
Wong miskin wetengé lara

Agi bada pada balapan sedekah
Bubar bada balik mbethithil kaya biasa
Bebeh ngibadah alot sedhekah
Mesjid mushola ora padha deambah
Kon padha jamaah aras-arasen wegah
Ésuk-ésuk tangi kudu degugah
Solat subuh srengéngéné wis munggah
Qur’an glétak ora dewaca

Bocah pasaran nang pondhokan
Pondhokan kaji nyembeléh kurban
Bubar lebaran mabok-mabokan
Kelalén ngaji lan nderes Qur’an

Lah brabéh..béh

Aja kaya kuwé sedulur kabéh
Nyambut gawé lan ngibadah kudu sing ikhlas
Sing lakon cilik kanthi tumindhak becik
Laku sethithik ketitik apik ningane nuli
Tinimbang gedhé mung kanggo gumedhé
Pamér ngalor ngidul lada-lédé
Plenthas-plenthus ora bisa kanggo tuladha

Astagfirullah

Wanto Tirta

Lair neng Desa Kracak Ajibarang Banyumas. Seneng nulis lan maca puisi, guritan neng ndi papan. Uga maen teater lan ketoprak.

Mayuh dikomentari luur..