Karangcengis. Dalane ésih gragal, watu cilik sekang Kali Datar. Saben udan cebrik, liwat magrib wis sepi nyenyet. Arep metu maring Ajibarang wis ora téyéng, kejaba sing duwé motor. Éwa semana sing duwé motor se-RW mung wong telu. Neng ngumah ana, ning motor plat abang, Suzuki A-100, sing angger mandheg kelalén kran bénsiné ora detutup, banjir. Mblebek ora téyéng destater.

Kiyé gari crita biyung. Wong wadon perkasa sing ketrima dadi diréktur. Ngatur babagan keuangan, ngasi ngupa-daya angger anggarané kurang.

Wongé crewed tur mbebehi. Molahi sekang babagan mléthét odhol ngasi madhang ceplak bae deomong. Tangi turu tekan arep turu maning meh kabéh deluruhi.

“Mléthét odhol sekang buntut, dadi entongé tatas,”
“Ndelah sabun detirisna dhisit..”
“Andhukan sing garing..”
“Klambén lengen sing tengen dhisit..”
“Sepatuan sing bener, aja deidek mburiné..”
“Jungkatan rambuté detelesi..”
“Maem aja ceplak..”
“Sekolahé ngrungokna guru..”
“Bali sekolah, maring ngumah.. Aja mompar-mampir..”
“Klambiné deisis mburi dadi ora tritipen..”
“Mulané kaosé dekumbah, degosok..”
“Kaé kecambahé deplécéhi, kacangé deputhesi..”
“Bar maem piringé dekumbah sisan..”
“Ngirim maring sawah dhisit..”
“Dolan aja dhéwékan baé, adhiné dejaki..”
“Ngasar dhisit..”
“Kari arep poli ngangsu dhisit..”
“Adhiné dejaki adus sisan..”
“Ngaji..”
“Sinau..”
“Nggosok..”

Oalah.. Yung.. Yung.. Ngerti inyong bocah mbarep. Ning inyong uga kepéngin dolan, kaya batir liyané. Inyong kepéngin dhir-dhiran sing ora derusuhi adhi. Inyong kepéngin layangan sing mung rega limang pérak. Inyong kepéngin sepatu bigbos. Inyong kepéngin duwé pit jéngki. Inyong kepéngin lan kepéngin.

Biyung saben dina ndremémél, ngoméhi, ora tau mbombongi.

Sungkem-sungkema. Jebul kabéh becik nggo kapingarepé. Uripe bocah detata neng wong tuwa, supaya latihan urip temata.

Kawit esuk biyung wis gupuh tangi, nggodhog wédang, gawé sarap lawuh bakwan sendhok karo sambel trasi. Anaké lunga sekolah, biyung dagang dhawet neng mburi umah sing pipir sekolahan.

Bathi sepira-piraha, sing penting téyéng nggo sambung umur. Merga gajihé ramane ora cukup nggo ngempani weteng sing sanga.

Biyung égin cokan telpun nalikané inyong umah-umah.
“Sing gemati maring wong wadon,”
“Aja cokan gawé lara atine bojo,”
“Dadi rama kudu téyéng ngrumat,”
“Nggolét dhuwit sing genah larahé, merga kuwé nggo ngempani anak-bojo,”

Nggih. Kula namung ndhérék napa dhawuhé biyung. Maras sekeliwat mbok nganti nglarani atiné biyung. Gedhé-tuwa seméné égin seneng nangis angger kélingan biyung. Saben minggu kober ora kober tilik biyung merga kangen karo jangan lompongé.

Rangga Sujali

Mantan wartawan Tempo lan Forum Keadilan. Siki manggon neng Bali.

Mayuh dikomentari luur..