Ruwing kuping ngrungoka kabar negeriné dhéwék. Ngurus negara digawa guris. Ngurus pageblug karo mabok ciu. Gégér genjik, merga kurang pangan. Genjiké gégér rebut ransum jatah.

Pandemi Covid-19 ésih gawé bingung, ora rampung-rampung. Ngésuk surut, ngembén tambah maning. Werna-werna obat lan cara penanganan sing kabéh embuh. Embuh angkané temenan, apa mung politis. Sing jelas anggarané metu akéh, ora imbang karo hasilé.

Covid urung bérés, gubes arep nanggap pilkada serentak. Milih pemimpin sing ngundang tekané wong kumpul. Jéré diberlakukan protokol keséhatan, Ning sapa sing njamin, bar kuwé tambah maning penderita Covidé?

Sing loro ésih rumeg, ketambahan maning RUU Omnibus Law.

Rancangan Undang-undang Cipta Kerja sing nyusunné mung nem wulan. Jéré 900 halaman, 800 halaman, 1.000 halaman. Embuh. Banjur muncul démo mahasiswa sing ngasi anarkis. Sing anarkis mbuh sapa, sing ditangkepi mahasiswa.

Kawit jaman Mataram, rakyat didol nggo keperluan penguasa. Ora peduli rakyaté sengsaya susah. Sing penting penguasané padha bungah. Penguasané makmur, rakyaté ajur. Banjur ngrembaka sing aran keputus-asaan sosial. Mula aja kagét angger démo ketambahan amuk.

Cepet utawa suwé, kabéh bakal ngerti sejatiné urip lan perjuangan. Manggua, kabéh adhem-ayem, mawa pemimpin anyar sing ngerti déné negara mung warisan sekang leluhur. Mbuh pirang pemilu maning.

Ora prelu kaya Nabi Isa, sing bisa diarep-arep mudun maring bumi, kaya sing ditulis pendémo Omnibus Law pirang dina kepengker.

Genjik senengé gégér, kencot gégér, wareg esih gégér..

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..