Rika mesti duwé guru. Klécam-klécem.. Semana akéhé guru, kayané unggal wong duwé crita husus karo salah sijiné.

Pak Bunaswan, suwargi. Preyayi Ajibarang Wétan. Jaman inyong SD dewulang piyambaké. Alus ning madan kereng. Ning dudu kerengé sing marakna muridé manut. Ribawané.

Esuk, nalikané tlebang-tlebang Pak Bun rawuh, inyong sekanca, balapan methuk karo klorongan, “Pak Guru rawuh.. Pak Guru rawuh..” Banjur tasé nggo rebutan. Pité uga dituntunna. Pit wangkring mérek Gazélle.

Wolak-waliké jaman, siki murid balapan motor karo guruné. Ora mawi permisi utawa ndhongko, liwat tung ngarepé guruné. Malah wis hopéng jéré.

Ora krama maning. Ilang suba-sitané, merga neng ngumah dionggrong seporété. Ora téyéng krama Banyumasan, merga wong tuwané uga wis moh nganggo basané Biyung.

Suba-sitané ilang merga guru uga kelalén ora mikir bab kuwé. Kabéh ngudag NEM. Etika-moral bangsané dhéwék sing adiluhung siki gésér ngulon. Bangsa ketimuran nganggo ajaran kulon. Ndilalahé rémé blong. Neng kéné wis lewih kulon timbang kuloné dhéwék. Ora neng alas, ora neng umah. Ora neng gili, ora neng sekolahan.

Guru tetep kudu mulang kebecikan sing pantes degugu lan detiru. Bebané tambah merga neng ngumah bocah ora diréh. Kabruk, brongkos-kéong, bab pendidikan tibané maring sekolah.

Rika milih dadi guru, mestiné uga wis paham bab résiko pilihan. Mula mayuh mulang édi-péni, norma-susila, lan urip mawa rasa. Sekang uripé rika, sekang atiné rika.

Ana guru Wiyata bakti, sing honoré mung telung lembar abangan. Kuwé dudu merga honoré, ning niyat temenan andum ngélmu.

Ingatasé jaman siki, telung lembar mung cukup nggo telung dina, kuwé kudu ngrampungi bab kebutuhan pokok telung puluh dina.

Guru uga jéré glugu turu, powotan, nggo nyabrangna wong sing ora ngerti dadi ngerti. Sing peteng dadi padhang, lan sapituruté. Cilakané angger nemu wong sing ora niat mowot. Mung arep thingkrang, thangkring ngising. Kuwé kudu ditampa dadi nasibé glugu turu.

Sepet Maret sepréné, guruné padha ngaso. Ora ngecébrés neng kelas. Ning gawé tugas, gawé video, karo slonjor neng ngumah. Wayahé pendaftaran siswa baru, mumet merga kabéh online. Malah ora téyéng ngaso, merga gawé tugasé malah akéh. Ketambahan maning sistem zonasi, sing pérek sing wenang. Ngasi ana wong tuwa sing gawé surat pindhah alamat, supaya téyéng mlebu maring zona aman.

Inyong ora téyéng mulang-muruk awaké dhéwék, mula inyong ora dadi guru.

Ki Ndleming

Sing mandegani wébsite Ndleming dot com

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

  1. Nyuwun sewu kang niku sing terakhir, guru masa pandemi Covid 19 benten kalih situasi normal. Guru masa pandemi, nggih tugase menyampaikan materi di GC kalih kirim video mboten brarti slonjoran kalian leren ngecibris. Ampun digebyah uyah, ttp guru punya beban moral mengevaluasi hasil pemahaman ugi pekerjaan siswa, patut dan tdk patut mendpt nilai capaian pembelajaran. Matur nuwun…Sampun sae ananging penilaian jgn dilihat dr satu sisi…

    Reply

Mayuh dikomentari luur..