Kiye anu apa maning sih? PRING!
Apa kuwé? Leh éram masa ora ngerti, wong gunané akéh pisan koh. Nék ora ngerti wujudé tah kebangeten.

Lah ora ngerti ora papa mbok? Ya ora sih lah trus masalaéh nang ndi?
Gubes baé koh driji kiwé karo tengen, hob meneng sih. Molai ya ngetiké aja pada padu. Kedép ping telu mayuh sing akur, kiyé wis arep ngetik.

Kula nuwun… Mangga.

Dolanan tradisional sing nganggo pring kayadéné tulup, gawé kandhang jangkrik, téyéng nggo céléngan, trus gawé kenthongan sing nggo muter ronda, pokoké gunané akéh pisan sing arané pring.

Contoné sing jéré pring petuk kuwé sing sering nggo golétan, regané larang gunané. Apa baé yuh? Ngasi mbuh kepriwé carané dobol-dobolan udu pring petuk, anu pring biasa degawé petuk bén regané larang. Ningén nyatané diuji anu isiné njeroné tugelan kayu golé sing sigarané delim.

Banjur pring kuwé angger bar ditegor wong é kukur-kukur merga luguté gatel, wujudé wit dawa maring nduwur ana sing mlengkung ana sing lurus, wernané ijo, uga ana kuning.

Angger sing enom jenengé bung, téyéng demasak depangan dadi jangan bung. Rasané ya hora nguyaih, jan kemlecer apamaning sing masak wong kuna nganggoné suluh nang pedangan, alah kiyé dadi kencot.

Sekang kabéh kuwé sing arane pring jebulé werna-werna jenengé tur nduwéni arti dhéwék-dhéwék nggo nang urip. Apa baé sih? Lamona ora kabéh detulis ningén itung-itung téyéng mipil ginau bareng babagan pring, ya kuwé…

PRING DHELING artiné Kendhel karo Eling. Kendhel merga éling timbang grundel tekan suwing.

“Wong urip kuwé kudu ngerti diri éling nang awaké dhéwek aja ngresula gole njalani keuripan sing ya kudu urup”

Ana maning sing jenengé…

PRING ORI, urip kuwe mati kabéh sing urip mesti bakalé mati.
terusané ana macemé.

PRING WULUH, urip kuwé tuwuh aja mung embuh api-api ora weruh. Urip kuwé tuwuh, sing kudu imbang dan wong aja nduwé laku belih karo api-api ora ngerti apa sing kuduné dhéwék ngerténi.

Banjur…

PRING CENDHANI, urip kuwe wani ngadepi aja mlayu merga wedhi. Nang njalani urip dewek kudu dadi ewong sing kendhel, ya kendhel ngadepi kabeh kahanan karo aja mlayu mergane wedhi.

Delanjut maning ya terus ana…

PRING KUNING, urip kuwé éling wajib pada éling maring sing peparing. Urip kuwé kudu éling maring Sang Maha welas asih.

Ana maning…

PRING APUS, urip kuwé ndlepus dadi wong urip aja apus-apus nglombo dobol-dobolan.

Lamona urip ginau selaras, ningén urip uga gampang ambyar. Mula sekang kuwé wong aja seneng nglomboni, ndoboli, bén mengkoné ora dadi ambyar sekang lakuné.

Angger….PRING PETUNG, urip kuwé suwung senajan suwung ningén aja pada nganti bingung.

Urip kuwé ya mesti dikebeki malah lubér anané masalah, karo sing arané masalah gawé awaké dhéwék suntuk suwung. Lamona urip lubér jenengé masalah ya aja digawé bingung.

Ana maning sing jenengé pring kuwé suket, dhuwur tur jejeg. Rejeki seret ora usah ati mandeg.

Nék kuwé mau kayongé sotén sing jenengé pring mlebu nang njero klawarga suket ningen teyeng ngadeg jejeg, lamona rejeki lagi seret ya aja degawé suntuk.

Kabéh kuwé mau nang ngilmuné pring dhéwék deajarna bén éling bakalé balik nang asalé.

Jal diéling sih babagan “menungsa pada éling nék wis tekan titi wanciné bakal digotong nganggo pring, bali neng ngisor lemah pada ngisor oyod pring.”

Arep nulis liyané maning apa ya?
Lah kaya kuwé disit, mbok ana sing kurang cocog kurang patrep ya mangga pada-pada ginau bareng.

Tuku pring duwité récéh
Kencot maning mbadogé geréh

Kesuwun

Klilan sedulur
Rahayu

Agung Jemblung

Seniman enomé Banyumas. Khususé babagan kesenian Jemblung Banyumasan

Mayuh dikomentari luur..