Inyong duwé tangga. Umaéh gédé, lataré amba. Dhéwéké siki lagi seneng banget nandur kembang. Kembang apa baé ana. Kawit kembang sing godongé ciut, tekan kembang sing godongé amba-amba, dhéwéké duwé.

Jané mauné ya katoné dhéwéké ora seneng nandur kembang, wong duwé latar amba baé dijorna nggarung.. Tapi mbuh kenangapa siki-siki dadi seneng koh..

Barang tek takokna, ternyata dhéwéké semaur nék kebiasaané dhéwéké sing anyar kuwé merga bén keton kekinian, bisa mélu sing lagi jamané. Dhéwéké juga crita nék kembangé dhéwéké kuwé golé tuku regane uga larang-larang.

Inyong madan kagét barang krungu dhéwéké semaur kaya kuwé. Owalahh… jebulé mung semono thok ya alesané. Tek kira alesané bén dadi lataré éndah. Apik disawang, teduh neng rasa, éh jebul anu mung merga péngin kekinian. Inyong madan péngin gemuyu janén , tapi ya wis lah wong anu menungsa kan béda-béda ya..

Nék inyong pas lagi dolan, ndeleng kembang kuwé ujarku kaya lagi weruh Gusti Allah léwat karya ciptaane. Jaan dhuwur banget mbok kuwé basané, haha..

Ya jajal ngonoh dipikir baé, kembang sing semono akéhé ora ana sing plek jiplek kembar, walaupun jéré ésih seduluran. Kuwé ngkana-kanané Gustialah nggolé golét ide anu kepriwé ya? 😀

Kembangé werna werna, godhongé ya werna werna. Ana sing wernané ijo, abang, kuning, wungu lan liya-liyané. Semono uga ya jenis kembangé.

Inyong mung bisa nyawang karo bersyukur banget ésih bisa weruh karya ciptaané gusti Allah sing Maha luar biasa.

Siti Zulaikha

Guru neng MI Ma'arif NU Klapagading Wangon. Aktif neng kegiatan dawisan lan muslimatan

Mayuh dikomentari luur..