Neng téras umah inyong ngenténi
Kapan panjenengan liwat, mampir, njur ngajéki
Mlaku-mlaku njajah desa milangkori
Muter kutha ndeleng kahanan jaman siki
Ora mung ngecébrés neng warta lan média sosial
Mayuh tek batiri bén sosial ora mung slogan
Supayané tulisan-tulisan ora mung hiasan

Bapak… ibu… sing gambaré neng pinggir-pinggir dalan
Inyong ésih nunggu méh lumutan
Kepéngin dijék mabur ngiteri désa lan kutha
Nyawang kelap-kelip lampu katon semanger, katon gumregah
Marekna ati bungah nggo slimur ora kétang sedéla
Panyuwunku ora mung pas mangsan pilihan
Katon ramah lan perhatian karo warga
Angger wis dadi lan njagong neng kursi
Ya tambah ngewulani kabéh masrakat
Ora mung nggo kulawarga lan kanca sebrayat

Neng ngénéh inyong lagi ngenténi
Kabéh janji umpruk visi misi
Kewujud masrakat makmur jibar jibur
Aja ngosih ngabab, mengkoné ngilang mbuh maring ngendi
Inyong pada nyengkuyung urun bekti
Mayuh dilakoni, diniati ngabdi marang Nagari.

Purbalingga, Séptémber 2020

Agustav Triono

Guru honorer sing demen sastra lan teater. Siki manggon neng Purbalingga.

Mayuh dikomentari luur..