*Papan jenengé juru kunci,
Isiné jané mung jenengé wong sing ngrumati panggonan sing cokan nggo sowan, tapi kuwé penting nggo nggawé teratur wong sing arep sowan,

*Papan jenengé juru kunci,
Wis disogi papan jenengé juru kunci tapi ésih pirang-pirang wong sing arep sowan maén slonong baé,
Rumangsané wis pengalaman terus rumangsané wis ngerti,

*Papan jenengé juru kunci,
Wis genah-genah nggo tanda angger kuwé umaéh juru kunci tapi sering di léwati,
Alesané pirang-pirang,
Sing alesan ribet lah, tapi jané wedi juru kunci né njaluk duit nggo kebersihan.

Padahal sing jenengé juru kunci kuwé mesti udu wong sembarangan,
Biasané juru kunci keturunan sekang mbah sing manggon neng tempat sowan kuwé,
Nék ora ya keturunan sekang juru kunci sedurungé,
Nék ora ya sing pancén ditunjuk sekang désa,
Tapi sekang endi, apa kepriwé asal usulé juru kunci kabéh mau ya wong-wong sing pancén wis diprecaya, mestiné udu wong-wong sing asal-asalan.

Ngomong gawéane ya ora gampang,
Dhéwéké ya ngrumat, ya mbersihi, ya njaga kon sing pada sowan ora sembrana,
Intiné dhéwéké tanggung jawab ming tempat sowan kuwé..

Emut sedulur,,
Jaman siki akéh banget tempat sowanan sing rusak, akéh barang-barang sing pada ilang,

Dadi jajal ayuh sedulur-sedulur sing cokan pada sowan,
Apa angélé mampir umaéh juru kunci disit,
Malah sebeneré lewih pénak, paling ora olih pengertén nék tempat sing nggo sowan kuwé sapa trus kepriwé cerita sejarahé,

Buang pikiran nék mampir juru kunci kuwé ribet apa kudu ngewéi duit,
Wong juru kunci sebeneré ora kaya kuwé,
Tapi di gawé ana rejeki terus ngewéi rejeki ming juru kunci jané ya malah lewih apik,
Etung-étung nggo sodaqoh mbuang sebel puyengé bén sekabéhané lancar, terus sing dadi maksud tujuané sowan dekabulna neng sing kuasa.

Ya kayané semono baé lah tulisané,
Mbuh ana gunané mbuh ora, sing penting budaya né tetep di uri, banjur tetep nganggo aturan sing semestiné,
Sing jenengé sowan ya mesti kula nuwun ming juru kunciné,

Suksés,
Klilan..

Avatar photo

Aktifis gerakan Siji Pesaréan Rong Sapu. Arsip klinthungé bisa detiliki neng grup Facebook "Tempat Ziarah dan Situs di Banyumas".

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..