Jaman siki mulai cah nom ngasi wong tuwa méh énggal wektu padha ndilek nyekeli hapé. Mbuh kuwé dolanan gim, nggolét brita, motrék rainé déwék sing demonyong-monyongna lambéné, dodolan, utawané nyepik. Ya mbuh apa baé sing sekirané bisa disepik.

Tur mesti ya padha duwé akun media sosial sing werna-werna pisan. Nah nék uis lagi ndilék nang medsos, kadhang cok padha ngasi kaya wong budeg, ora éling wektu, nggon.

Sing mbebehi nék lagi njugur, siki umumé malah padha nyekethemi hapéné dhéwék-dhéwék. Deundang cokan ora krungu, ditakoni semauré telat, malah cokan ora nyambung.

Éh mbok iyaha, énggané ora bisa deglétakna ndisit hapéné, kecuali lagi déwékan, arep karo jengkang-jengking blijing sisan sih ngonoh baé. Terus go ngapa njugur nék ésih baé dolanan hapé déwék, cengar-cengir déwék, batha-buthu déwék.

Malahan nék dideleng nang média sosial siki, méh saben wektu ana baé sing padha kerah perkara béda senengan.

Lah apa nék seneng kiyé kudu ngalak-ngalakna sing liyané? Sepira akéhe sih perkara sing bener-bener dikuasai, dénéng pada kendel temen guli ngalak-ngalakna ming sing ora desenengi? Apa énggané nék pancén bener kudu nyalahna liyané?

Praketa, 261120

MFN

Wong Praketa sing seneng ngloyong nganah ngénéh

Komentaré wong-wong

  1. Hahaha bener kuweh, apamaning nek arep madang sok difotoni disit trus diposting ngantik adem panganane ora dipangan² ketungkul nyetatus lagi madang hahaha

    Reply

Mayuh dikomentari luur..