Urip rasané sepet
dhuwit cupet
lakuné jaman saya cepet
Pejabaté nékad banget
Rakyaté kéré tambah mumet

Oalah Gusti Sing Murbeng Jagad
Nyong bingung mikir pejabat negeri kiyé saiki
ana jaksa sing ayu bangeti
kuduné dadi séksi kahanan ben adil
Eé…malah tumindak culika
Dolanan pangkat, nganti kélangan martabat

Yu Dakem banjur nembang Dandanggula

Adhuh Gustiku sing tak tresnani
Nyuwun pangapura sadaya
Cacah rucah negeriné
Ora kena padha nepsu
Nepsu ala kaya korupsi
Kolusi ora kena
Népotisme iku
Kudu dibrasta slamanya
Murih negeri iki makmur sejati
Indonesia Jaya

Prasetyo Braling

Lairan Kebumen 14 September 1966 kiye, saiki dadi guru Bahasa Jawa SMP Negeri 3 Purbalingga. Seneng banget nulis geguritan.

Mayuh dikomentari luur..