Browser kuwé apa? Browser yakuwé aplikasi sing biasa dienggo mbukaki halaman wébsite. Kaya misalé Google Chrome, Opera Mini, Mozilla Firefox, lan sakpituruté.

Angger rika biasa mbukak wébsite Ndleming.com nganggo kabéh aplikasi mau, siki Web Ndleming wis bisa diakses langsung kayadéné mbukak aplikasi.

Trus priwé carané?

Sing pertama rika kudu mbukak Ndleming.com karo browser disit. Angger uwis, neng ngisor bakal menthungul tulisan Add Ndleming.com to Home Screen. Nah kuwé diklik baé.

Mangga dideleng ilustrasiné neng ngisor kiyé.

Sewisé deklik mengko ana pertanyaan lanjutan nganggo basa Inggris sing intiné takon rika serius arep nginstall aplikasi kiye? Nah rika ora usah ragu, gari dipilih Install.

Barang rika klik install, mengko sistem Android langsung nggawékna shortcut utawané icon aplikasi neng hapéné rika. Detunggu baé, prosésé biasané mung 15 detik.

Nék kira-kira uwis, jajal rika metu maring halaman utama. Mengko rika bakal weruh ana ikon aplikasi Ndleming.com kaya neng gambar ngisor kiyé.

Naah ngésuk-ngésuk nek rika arep ngakses Ndleming.com ora perlu repot mbukaki browser, kuwé ikon Ndleming.com gari di-tul baé.

Neng ngisor kiyé tampilan splash screen pertama aplikasi Ndleming sedurungé mlebu maring halaman utama.

Kayané cukup semono baé luur penjelasané inyong. Mbok menawané rika égin bingung utawa nemoni masalah dhong njajal langkah-langkah sing tek tuduhna mau, mangga langsung ditakokna baé neng kolom komentar.

Salam Ndleming Seporété!

Redaksi Ndleming.com

Sing mandegani website Ndleming dot com

Waca liyané:

Mayuh dikomentari luur..