Gégér Corona ora mung gawé kisruh neng wilayah kota thok. Neng ndésa juga pada baé. Lewih gégér maning nék neng siji désa ana kabar warga sing positif Corona.

Kaya sing dialami keluargané Kaki Sukra. Kabaré merga mantuné sing kerja neng Jakarta balik, terus nulari maring bojoné lan Kaki Sukra mbarang. Soalé lorone tési urip seumah.

Kabar Kaki Sukra positif Corona nyebar gutul ngendi ora, tangga-tanggané apa maning. Kaki Sukra akhiré ditekani perangkat désa karo pihak puskesmas, banjur sekeluarga diisolasi kabéh.

Kaki Tarwin sing ésih bingung karo kedadian kuwé dadi takon maring Karman, tanggané sing katon paling apdet.

“Man, kaé Kaki Sukra apa temenan kena Corona?”

“Iya, Ki. Rika kudu ngati-ati ya nék liwat ngarep umaéh. Apa maning nek ketemu. Nek bisa aja ngasi ketemu disit ya, Ki..”

“Iya, Man. Oiya Kaki Sukra jéré umaeh diisolasi mbarang ya, Man?”

“Iya, Ki. Nék ora diisolasi ya mbokan wong-wong kampung kéné dadi pada ketularan..”

“Ooh, kaya kuwé ya”, jawabé Kaki Tarwin karo manggut-manggut. Tapi Si Karman weruh rainé Kaki Tarwin madan keton bingung

“Ngapa si, ki? Rika dénéng kayong tesih bingung?”

“Iya koh. Aku tésih madan bingung. Miki kan jéré umaéh Kaki Sukra diisolasi. Lha kuwé isolasiné sih sepira akéhé? Mbokan umaéh Kaki Sukra dawa kaya kaé?”

Siti Zulaikha

Guru neng MI Ma'arif NU Klapagading Wangon. Aktif neng kegiatan dawisan lan muslimatan

Waca liyané:

Komentaré wong-wong

Mayuh dikomentari luur..