Si Narni anaké Kaki Yadi duwé anak jenengé Bagus. Bocaeh éthes banget. Tapi duwé kebiasaan sing jaan kurang ngepénaki: nék lagi ana tamu, Bagus mesti nyrandu karo njaluk ngising. Dadi nang Narni diomongi…

“Bagus, aja saru ya. Nek ibu lagi ana tamu aja nyrandu njaluk ngising, ibu isin…”

Bagus njawab..”Inggih, bu. Tapi duko niki menawi ibu seg wonten tamu kula mesti péngin éé…”

Banjur Narni golét akal trus ngomong ming Bagus “Ya kaya kiyé baé. Nek ko saben péngin éé matur baé pengin nyanyi ya..” Bagus trus manthuk karo ngomong “Nggih bu”.

Lha mulai dina kuwé nék pas biyungé lagi ana tamu trus Bagus kebelet ngising, langsung nemoni biyungé karo ngomong…”Bu, bagus pengin nyanyi..” Sontak kabeh tamuné biyungé pada ngalem nék Bagus kuwé bocah sing nyenengi, sopan..

Kebiasan ngarani nék kebelet ngising dadi péngin nyanyi kuwé ngasi kelambé, ora kur nék ana tamu. Pokoké nék kebelet ngising ya ngomongé kepéngin nyanyi..

Lhaa pas dina setu ndilalah Narni ana pegawéan nang luar kota, dadi Bagus dititipna nggoné mbaéh, sing jenengé Kaki Yadi.

Pas jam 10 wengi mangsané turu, Bagus turu karo kakiné. Antarane jam 11 mbengi Bagus kebelet ngising, dadi ngomong maring kakiné…

“Mbah…Bagus kepéngin nyanyi…”

Kaki yadi sing wis mulai ngliyep banjur ngomong.. “Jan kulup, kulup…wis wengi.. Turu lah aja nyanyi. Mbrisiki tanggane ora kepenak… Gagean turu..!” Bagus meneng.

Selot suwé mulesé ora bisa ditahan…”Mbaaaahh…Bagus kepengin nyanyiiiii..!!”

Kaki Yadi anu wis bebeh menyat dadi ngomong kaya kiyé…

“Leeehh bocah koh ya.. Ya wis ngénéh nyanyi nang kupingé mbaéh baé. Krisikan bae aja keseron…” Kaki Yadi banjur miringna awak mén kepénak golé Bagus nyanyi (pikiré).

Cerita selanjuté ya bayangna dhéwék. Kupingé Kaki Yadi ora kur kopok isiné, tapi kopét mbarang… 😀 😀

Teguh Prihantoro

Sekuteris sing seneng barang antik. Manggon neng Klampok Banjarnegara.

Mayuh dikomentari luur..