Kaki Nasori umuré wis 90 th ning nésih giras lan semrintil, ududé nésih nggapek ora tampikan, lintingan oké, apamaning rokok lintingan pabrik kayata Djarum 76 sing diarani Rokok Bodo.

Soalé angka uruté kewalik angka 7 ndisit tinimban angka 6, Sriwedari, GG Djaya, tumekan Kréték filter Dji Sam Soe, GG Filter, Djarum filter tumekan Rokok Mild, uga modél Rokok Malboro.

Saben dina kaki Nasori bolak-balik maring sawah lan kebon mbuh ngasih pirang ambal, mulané diarani kaya gosokan. Awaké gering ning atos, ambekané nésih normal langka monéni ngik ngok kaya kardion apa organ.

Urip kawit jaman penjajahan Landa, Jepang lan menangi perjuangan ngrebut kamardikan negara Indonesia. Mélu berjuang toh pati toh getih ananging ora gelem mélu deréken véteran. Lho nék gelem ngurus jané Kaki Nasori oleh pénsiunan véteran.

Berjuang mungguhé Kaki Nasori kuwé ora arep-arep oleh piwelas, sing penting iklas. Dénéng tekan zaman Revolusi Méntal nésih bisa madang, udud lan kluyuran. Uga menangi anak putu buyut. Urip tentrem langka utang, rezeki ana baén mbuh ngodé macul, bedog apa ngréwangi tangga teparo sing lagi kesusahan.

Kaki Nasori gemiyén mélu ngawula karo Pak Carik Salimi nganthi tumekan 30 tahun. Pak Salimi wongé éman, loman lan kepénakan. Ora tau ngarani maring Kaki Nasori ngomong Kacung apa maning Jongos.

Pak Carik Salimi angger ngendika kepénak derungokna, akhlaqé andap asor, dunya branané akeh tur sugih.

Rakyat désané padha tentrem lan adem merga Pak Carik Salimi uga pinter lan nduwé ngélmu pitulungan nambani wong wadon sing arep babaran kesuwén utawa kangélan. Ndilalah berkah sawab berkah lan dongané dikobul, wong wadon sing angél babaran dadi gangsar.

Udu kuwé thok, Pak Carik Salimi uga pinter nyababi wong stréss utawa gemblung sing cokan ngamuk kelawan diombéni banyu belik ngarep umah.

Kaki Nasori angger mikirna kahanan siki mung nlangsa awak, kemutahan mélu babad pacingé negara. Rikala Bung Karno maring Purwokerto ya tahu salaman wektu nang alun-alun, sing saiki isiné air mancur lan wringiné wis padha digombrangi.

Zaman saiki apa-apa koh mung urusané duit, jéré ngabdi maring negara jebulé malah nggo pahalan lan nggo rayahan thok.

Arep mulya kepriwé uripé wong dadi abdi rakyat lan negara karo rakyaté adoh.

Sing dipikir mung waduké utawa wetengé dhéwék. Suwé-suwé padha busung bubarané.

Ujaré Kaki Nasori gemiyén pamong désa, apa pegawé kawit jaman penjajahan tumekan jaman sadurungé réformasi nésih mandan pérek antarané rakyat, pemerintah lan uga wakil rakyaté.

Saiki …ampun kabéh-kabéh isiné dol-tinuku…pegawéané ora deurus malah sing diurus mung perkara penghasilané. Sedéla-déla démo, kurang bayaran démo, kurang kesejahteraan démo.

Mbok padha mikir, inyong gemiyén berjuang gawé negara ora tau mikir rep olih bayaran apa maning kesejahteraan. Hoh negarané arep makmur lan sejahtera keprimén wong isiné padha clutak duit APBD, APBN lan cluthak duit liyané.

UUD 1945 ndadak sara diowahi lan diuthak atik, ujar-ujaré gampang lan gemagus ora ngerti ruh lan isiné sing sebeneré UUD 1945.

Mung kader maca, utawa sekolah, kuliah trus olih gelar Drs, Dra, SH,MH, Dr apa Profesor trus kemaki UUD 1945 diamandemén.

Ngkana-kana ora tau sinau sujarah bangsa wis bolan balén ganthi UU rikalané Présiden Ir Soekarno, uga modél Démokrasiné, wis dijajal kabéh. Démokrasi liberal uwis, Démokrasi Terpimpin uwis, akhiré balik maning anané Dekrit 5 Juli 1959.

Lho kok langka kapoké énggané UUD 1945 diamandemén nganthi ping 4 nyatané kawit reformasi tumekan siki th 2015 isiné mung gubes lan pecah antarané siji golongan karo golongan liyané. Malah angger debanjur banjurna bisa bubrah negara Indonésia.

Lucu tur merguyokna, ana ormas sing urip nang Indonesia malah manuté marang pemimpiné sing negara liya. Isiné ngala-ngala Pancasila, NKRI kepéngin gawé negara dhéwék. Loh koh nésih betah nang bumi Indonesia sing jéré pemerintahané Thogut, Iblis.

Ana maning klompok sing gawéné ngebom ngatas namakna agama, uga démo mentungi wong liya sing ora salah.

“Hoh mbok padha mikir, inyong gemiyén mélu gawé negara banget rejasanem saiki koh mung padha congkrah, rebutan proyék, rakyaté ora depikir. Depikir ari arep dadi bupati, gubernur, présiden, DPRD, DPR, DPD, lamis ben kampanyé lambéné kaya lambé Dorna, Sengkuni.”

Kaki Nasori kemreket untuné sinambi gathik kesuh angger mikirna negara.

Saiki pemimpin modélé Lambe Manual. Angger ngomong kaya Dalang Jemblung langka rémé, mulané ngroméd langka buktiné.

Mbok wis zaman Informasi lan téknologi lambéné kuduné lambé cakram, angger ngomong mandegé cepet tur ana buktiné.

Nék ora ya mandan mirip HP, saiki kabéh-kabéh nganggo HP layar sentuh. Dadi pemimpin kuduné nganggo sentuhan ati (sense of belonging) gari mimpin wargané lan peka maring kahanan rakyaté.

Aja kaya HP jadul konvénsional kaya tukang pijet baén, apa-apa kudu deorég lan digathaki.

Oh…Melas temen jaman aya wéné koh malah tambah bodo lan rekasa nglewihi jaman penjajahan.

Karangnangka, 06 Januari 2021

Kang Mul

Penulis sing aktif pisan neng media sosial. Ketua neng Institut Studi Pedesaan dan Kawasan.

Mayuh dikomentari luur..